|

KEDHUNG CURUG GONG


Bapak Soepangkat, M.Pd. Guru BK dan Bahasa Jawa

dongeng  banyumasan
KEDHUNG CURUG GONG
dening :
Drs. Soepangkat, M.Pd.
( Guru BK & Bahasa Jawa MAN Sumpiuh Banyumas )


           Banyu gemrenjeng sekang ereng-erenge gunung Slaka mili manut maring enggak-enggoke kali Nangka. Banyune katon bening pisan, dadi sumber penguripane para warga sing manggon neng desa-desa sing diliwati kali Nangka, antarane yakuwe desa Kedhung Pasang karo desa Watu Gedhe. Loro-lorone desa kuwe kelebu wewengkon Kademangan Kali Bening.
           Jaman semana sing dadi demang neng Kali Bening asmane Ki Demang Lindhu. Demang Lindhu wis kondhang nduweni kasekten sing ngedab-edabi, ora nana wargane sing sembrana, senajan para brandhal, maling, kecu uga ora nana sing wani ngganggu katentremane warga kademangan Kali Bening, sebab dene wedi karo prabawane Ki Demang Lindhu.
          Senajan nduweni kasekten sing dhuwur, sejatine Ki Demang Lindhu ora tau gemedhe, ora tau temindak sewenang-wenang maring wargane, sebalike uripe Ki Demang Lindhu prasaja, mulane kena nggo tepa tuladha tumrap wargane. Kabeh wargane di tresnani, diayomi lan diayemi. Mulane kabeh warga sekukuban Kademangan Kali Bening padha nyengkuyung lan uga ngormati maring Ki Demang Lindhu. Kabeh warga sing umume dadi wong tani rumangsa ayem tentrem uripe neng kademangan Kali Bening.
          Nuju sewijining dina, ketenteremane warga Kedhung Pasang apadene warga Watu Gedhe molahi keganggu karo swarane bendhe utawa gong sing moni saben tengah wengi. Wis olih telung mbengi warga rong desa kuwe ora bisa turu merga keganggu neng swarane gong, uga kecampuran rasa wedi,  aja-aja desane arep nemoni bebaya gedhe. Mulane warga Kedhung Pasang karo warga Watu Gedhe padha molahi nggiyataken maning rondha sing wis suwe dilereni. Rondhane digilir saben wengi sa ora-orane sing rondha ana wong telu.
          Wengi malem Slasa Kliwon, hawane adhem pisan, dhasare kawit sore mandan grimis, senajan ora gedhe merekna hawane dadi adhem. Kaki Suta karo Darsa warga Kedhung Pasang sing dong giliran rondha, mlaku gipyak karo krodhong sarung njujug maring gerdu rondha sing digawe sekarang pring. Tekan gerdhu rondha, Kaki Suta ngrogoh sak njukut rek nggo nyumed ting. Senajan ora pati padhang ning ya lumangyan wong loro padha bisa gendhu-gendhu rasa ora pati kepetengen.
          Jam pira kiye kira-kira ya ki? “ takone Darsa maring kaki Suta, mbareng lambene wis kesel goli kandhahan. “ Kiye kayane wis arep tengah wengi ndeyan sa ! “ wangsulane Kaki Suta sing mandan  ora pati genah. “ Ki, angger tek pikir-pikir , desane dhewek jane wis aman, ora tau ana maling utawa garong sing wani ngganggu warga kene ya ki ?, ning jan sing mbingungi toli anu ngrondhani swara barang alus sing ngganggu ya ki ? Darsa ngudarasa maring Kaki Suta . Kaki Suta melu judheg mikiraken swara sing wis pirang-pirang dina nganggu ketentremane warga. Durung nganti Kaki Suta nanggapi omongane Darsa, wong loro mandan njimprak mergane krungu swara gong nitir : gong gong gong gong gong gong !!!!!  Darsa karo kaki Suta masang kuping karo niling-nilingna neng ngendi sumbering swara, delepen wong loro kuwe githokke mandan mengkirig mbareng krungu ana swara gong nitir. Ning senajan mandan wedi, wong loro mau diwanek-wanekna nggoleti panggonane swara sing lagi moni. Karo mandan gramakan wong loro mlaku metung galengan sing sukete wis mandan njembrung merga wis ora nana wong sing wani ngarit neng galengan sawah kuwe. Mlakune wong loro njujug maring sumbering swara sing krungune mau neng Kali Nangka . Kali nangka kuwe minangka wates desa. Lor Kali Nangka Desa Watu Gedhe , kidul kali Nangka Desa Kedhung Pasang. “ Ki, inyong mau krungune kayong neng kene koh , deneng si ora nana apa-apa ya ki ? goli takon Darsa karo githokke sengsaya mengkirig. Kaki Suta karo api-api mandan kendel senanjan githokke ya ora kalah karo Darsa goli mengkirig, sebab dene wong lewih tua kudu bisa ngendhaleni maring rasa wedine. “ iya ya Sa ? nyong be krungune neng kene koh !!  Kaki Suta goli mangsuli karo milang-miling neng ndhuwur kedung sing biyasane nggo padusan bocah.
             Wong loro egin miglag – migleg karo milang-miling. Darsa karo Suta lagi gumun , ana swara gong nitir deneng mbareng dipereki ora nana apa-apa. Darsa njukut watu sekepel terus dibalangaken maring banyu kedhung mak “ jebluung !! “  mung keprungu swarane banyu ketiban watu, ning ora nana swarane wong sing nabuh bendhe utawa gong mau. Kaki Suta karo Darsa githokke sengsaya mengkirig, mulane terus gedhubrugan mlayu metung galengan balik maring gerdhu rondhane.
             Tekan gerdhu rondha Kaki Suta terus njagong slonjor, Darsa sila karo kalungan sarung. Wong loro ambekane egin mandan ngos-ngosan sebab dene goli gedhubrugan mlayu rebut disit.
 Darsa ngudarasa  ngrasani si Kosim sing dong jatahe rondha malah ora mangkat, dadi sing rondha mung wong loroan thok jan ketiban apes . Bareng wis mandan aso ambekane, Darsa krasa maju wengi hawane sengsaya adhem, mulane banjur nembung maring kaki Suta “ Ki njaluk linthingane ngeneh nggo anget-anget ! ora tau-tau jan wengi kiye koh adhem temen ya ? malem apa si kiye deneng kayong wingit temen ya ki ? “ Karo ngulungna slepane maring Darsa , kaki Suta mangsuli pitakonane Darsa “ mau dina Senen Wage ya sa ? dadi siki ya dong kebener malem Slasa Kliwon ya ? “  Senajan ora nana dasare sing gumathok, wong desa kuwe umume egin padha percaya maring wingite dina, klebu malem Slasa Kliwon dianggep neng wong-wong desa malem sing wingit. Bareng kemutan lamona wengi kuwe malem Slasa Kliwon wong loro padha pandengan, karo mbenerna sarung sing nggo krodhong, wulu githokke ngadeg maning.
            Gerdhu rondha wis kebek karo kebul kukus linthingan Kaki Suta karo Darsa. Goli udud kaya wong lagi ngobong bata ora nana lerene mergane hawane adhem tur kena nggo nggurah lemud. Nembe bae Darsa nyedhut linthingane, wong loro kaget merga keprungu maning awarane bendhe utawa gong nitir : gong gong gong gong gong gong  !!!!! saking wedine Darsa nutupi kupinge nganggo kuwelan sarung kon mandan ora krungu swarane gong sing medeni.
            Wengi kuwe udakara jam loro, wong-wong ndesa kadingaren ora nana sing tangi wengi kuwe, ndeyane wis padha karipan merga wis telung mbengi ora teyeng turu diganggu swarane gong, tur maning molahi wengi kiye wis ana sing jaga rondha dadi para warga wis krasa mandan ayem. Sekang kadohan mung krungu lamat-lamat tangis bayine yu Tiyem sing lagi nagis ngganter-ngganter, nambah wingite wengi kuwe.
            Karo egin kebal-kebul udud linthingan klaras jagung, wong loro pada gendhu-gendhu rasa : “ Ki , kiye tah wis ora baen-baen ! wong desa kene wis ora nana sing wani metu mbengi merga wedi maring swarane gong sing moni saben wengi ning ora nana wujude, kuweh apa ora medeni ki ? Darsa mbukak omongan maring Kaki Suta . Kaki Suta karo nyedhut udude, nanggapi omongane Darsa : “ Apa prayogane ngaturi priksa maring Ki Demang ya sa ? “ Kaki Suta  goli nanggapi malah nganggo pitakon. Darsa karo kapiselek kenang kukuse dhewek, manggut-manggut karo ngomong : “ iya inyong setuju banget ki !! lewih apik ngesuk rika kambi onyong sowan Ki Demang Lindhu neng Kali Bening ngaturi priksa bab kiye ki !!! “.
             Esuk – esuk dinane mandan grimis senajan kudune wis mlebu maring mangsa ketelu, Darsa karo Kaki Suta payungan godhong gedhang gipyak mlaku maring Kali Bening sing adohe udakara telung kilometre sekang Kedhung Pasang. Tekan latar kademangan, grimise wis ilang, malah wis keton mandan penther. Wong loro banjur ketemu karo mbok Demang sing lagi rikat neng latar ngarep dalem kademangan. Darsa karo Ki Suta banjur dikongkon mlebu maring daleme Ki Demang. Ki Demang methuk tekane wong loro mau ketone semanak pisan maring wargane. Wong loro dikon njagong neng dipan kayu jati. Mbok Demang gageyan ngetokna wedang kopi pait karo gula jawa kuning sing di iris dadu disogna piring jan nyamleng pisan ujare Ki Suta karo Darsa sing bola-bali nyruput kopine karo nyekit gulane.
             Sinambi medangan, nganggo basa sing alus pisan Ki Suta nyritakna kedadeyan sing dialami neng warga Kedung Pasang karo Watu Gedhe, ngenani arane swara gong sing moni saben tengah wengi, ning ora nana wujude sing merekna kabeh warga padha wedi ora wani metu mbengi tur padha nduweni pengira-ira desane arep nemoni bebaya gedhe. Ki Demang ngrungokna critane wong loro mau karo bolak-balik ngingerna kupinge pratandha Ki Demang nggatekna maring apa sing lagi dialami wargane. Ki Demang manthuk-manthuk , semune mbeneraken apa sing dicritakna Ki Suta karo Darsa, merga dina wingi Ki Demang uga nampa palapuran babagan sing padha sekang wong Watu Gedhe.
             Senajan atine Ki Demang judheg tur kaget, kadingaren ana kedadeyan sing kaya kuwe neng wewengkon kademangan Kali Bening, ning sebab dene Ki Demang klebu wong kang limpad ing kawruh mulane tetep bisa ngendhaleni rasa karo tetep katon sareh penggalihe. Ngendikane Ki Demang maring Ki Suta karo Darsa : “ ya wis ko sekeloron karo  kabeh warga Kedhung Pasang apadene Watu Gedhe, ora perlu padha wedi ! mengko mbengi aku tek mbuktekna dhewek maring panggonan sing dilapurna ana swarane gong moni kuwe !! “. Krungu ngendikane KI Demang, wong loro mau jan krasa adhem atine, awit rumangsa diayomi karo Ki Demang.
             Urung tanek goli padha kandhahan neng daleme Ki Demang, ana swara sikil jaran kemlathak njujug maring daleme Ki Demang. Bareng tamune wis keton nyancang jarane, Ki Demang metu njaba nglawang gupuh – gupuh methuk tamune sing nembe rawuh, karo ngendikane : “ mangga ki sanak kula aturi pinarak lenggah wonten ing lebet  !! “ , ki Demang ngaturi tamune nganggo basa krama alus, merga kawistara tamune dudu wong sembarangan dudu wong baen-baen. Najan ki Demang durung tepang ning kawistara tamune keton mreyayeni, gagah tur pideksa. Manut pandulune Ki Demang , tamune klebu wong sing nduweni kasekten. Nganggo basa wetan sing alus, tamune mangsuli ngendikane Ki Demang : “ Nuwun inggih, manawi kapareng nyuwun priksa, punapa leres punika dalemipun Ki DEmang Lindhu ? “ swarane tamu kuwe jan anteb tur mrebawani. “ Nun inggih leres ki sanak, kula ingkang nami Ki Demang Lindhu, lajeng panjenengan sinten ingkang dados asmanipun gus ? “. Ki Demang mangsuli nganggo basa kraa inggil nginas ngirus takon jenenge tamune. “ Inggih nami kula Ndaru Aji ki Demang !! “  
                Wose guneman, tamu kuwe ngaku wong sing lagi ngumbara ngetutna lakune sikil, dheweke ngaku jeneng Ndaru Aji. Ning sejatine tamu kuwe wis krungu critane sekang wong desa Watu Gedhe, jere Ki Demang Lindhu nduweni kesekten sing duwur. Mulane Ndaru Aji banjur kepengin njajal kesektene Ki Demang Lindhu.
               Ndaru Aji nglinthing klobot suguhane Ke Demang Lindhu, banjur njaluk geni nggo nyumed linthingane. Demang Lindhu nyumed kawul ora teyeng murub sebab dene wis disirep nganggo kasektene Ndaru AJi. Rumangsa mandan kewirangan Demang Lindhu terus menyat njujug maring pawon, mbareng balik maning maring tamune, Demang Lindhu wis ngreok bamba mongah-mongah nganggo tangan lorore dingo nyumed rokok tamune. Ndaru Aji kaget weruh Ki Demang ngreok bamba kayu jati nganggo tangan loro ora geseng tangane.
               Weruh kahanan kaya kuwe Darsa karo Ki Suta mung gumun ning ora wani melu ngomong apa-apa, mung njagong amben plupuh sing ana neng pojok baleen Ki Demang karo ngentongna kopine. Penthere wis mblerek, grimise  molahi mudhun mmandan kerep. Mbok Demang atine rumangsa ora kepenak tamune ora bali-bali. Mbangkane wektune wis ngancik dhuhur, angger ora nyuguh dhahar ya ora kepenak ya. Kaya kuwe pangudarasane mbok Demang. Mbangkane mbok Demang nembe adang thok urung ana lawuhe. MBok Demang sengsaya bingung merga grimise sengsaya kerep, arep maring warung nggolet lawuh ya mandan adoh. Grimise sengsaya gedhe dadi udan deres. Mbok Demang sengsaya peteng pikire, terus wadul karo ki Demang : “ Ki kepriben kiye tamune arep disuguh apa ? arep disuguh dhahar, ana segane ora nana lawuhe, arep maring warung nggolet lawuh udane sengsaya gedhe Ki !!. Krungu wadulane mbok Demang, Ki Demang semaur : “ mboke !!!, wis ora susah lunga ngendi-ngendi lagi udan gedhe. Angger pancen butuh lawuh , mbok menawa Gusti Alloh paring berkah karo rejeki lumantar udan kiye .  jajal kae bokore bae diadhangngna neng ngingsor talang mboke !!!.Kaya kuwe pendongane Ki Demang maring Gusti Alloh supaya diparingi rejeki lumantar udan sing lagi gemrujug.
                 Mbok Demang njukut bokor terus diadhangna ngingsor talang, ujare nggo ngadhangi banyu udan. Ora kenyana mbok Demang njimprak seporete karo ngucap : Subhanallooh !!!!  mbok Demang kaget merga weruh ana iwak gedhe-gedhe sing tiba sekang talang maring bokor sing nggo ngadhangi banyu. Njimprake Mbok Demang gawe kagete Ndaru Aji karo kabeh sing lagi padha njagong neng bale Kademanagan. Kabeh padha kedhubrugan mlayu maring talang kepengin weruh apa temenan ana iwak gedhe – gedhe  tiba sekang talang. Ndaru Aji nglogog, gumun karo kasektene Ki Demang Lindhu. Sewise olih akeh iwake Ki Demang enggal prentah maring Mbok Demang supaya enggal nggoreng iwake nggo lawuh dhahar tamune . Menangi kahanan sing kaya kuwe, sinambi dahar karo Ki Demang, Ndaru Aji ngalem karo kasektene Ki Demang sing bisa nekakna iwak gedhe-gedhe. Ngendikane Ndaru Aji “ Nuwun sewu ki Demang , panjenengan saestu satunggaling jalma linangkung, ingkang boten pantes manawi namung dados Demang, wontening kitha praja Majapahit sanget mbetahaken tiyang ingkang nggadhahi kasekten kados ki Demang “. Ki Demang krungu pangalembanane Ndaru Aji, ora banjur kumingsun, nggedhekna dhadhane, ning malah rumangsa abot sanggane, ki Demang nanggapi ngendikane Ndaru Aji : “ nuwun sewu gus Ndaru Aji, punapa ingkang panjenengan aturaken punika boten leres. Kula punika jalma wantah, ingkang boten gadhah kekiyatan punapa-punapa. Manawi wonten ing jiwa lan angga kula kadunugan kekiyatan, sadaya wau namung peparing saking Gusti Alloh ing Maha Agung gus !!, lan kula sampun rumaos syukur ingkang ageng dateng Gusti Alloh ingkang sampun paring kathah rejeki lan kanikmatan ingkang tanpa wicalan Gus , dados kula boten kepengin malih mados kalungguhan ingkang langkung inggil wonten ing kitha praja , makaten gus Ndaru Aji “.
            Kabeh kedadeyan sing wis diweruhi neng Ndaru Aji, merekna gumun neng atine Ndaru Aji. Pancen Ki Demang wong sekti mandraguna senajan wateke andhap ashor. Senajan mung dibatin,
Ndaru Aji ngakoni yen lamona kasektene Ki Demang Lindhu ngungkuli kasektenen dheweke. Mulane Ndaru Aji banjur ngendika maring Ki Demang Lindhu nganggo basa bandhekan “ iki mangkene Ki Demang, aku njaluk kang gedhe pangapurane, awit wiwit mau aiki goroh karo sampeyan . Sejatine aku iki Senapatining prajuri saka Majapahit kang lagi dinuta supaya ngiridake wadyabala menyang Pajajaran, nanging marga para prajurit padha lungkrah, mula banjur padha mesanggrang ana ing pinggiring kali kang ana kedhunge, jarene wong padesan kae ngarani Kali Nangkani. Wadyabalaku kabeh ora bakal dingerteni utawa diweruhi para pawonan ing padesan, marga kabeh padha metek aji Panglimunan. Aku njaluk ngapura Manawa para warga ing desa sak kukuban Kali Bening kene padha akeh kang kaganggu dening swaraning bendhe utawa Gong saben bengi, kang ditabuh kanggo ngumpulake para prajurit “
         Kaya kuwe ngendikane Ndaru Aji maring Ki Demang LIndhu, senajan nganggo basa ngoko ningen jan kepenak pisan dirungokna. Ki Demang migleg-migleg, mlongo ora bias ngendika apa-apa, umpama Ki Demang dudu wong sing sugih kawruh, ndean wis nggeblag tiba semaput, sebab ora dinyana sing lagi dadi tamu kuwe punggawa gedhe sekang Majapahit. Kejaba kuwe neng jrpne atine Ki Demang lagi karo mbeneraken palapurane Ki Suta karo Darsa. Ki Suta karo Darsa sing eging njagong neng lincake Ki Demang uga melu mlongo merga kaget, ningen atine krasa plong, bombing, sebab dene apa sing dilapuraken maring Ki Demang wis kebabar wadine.
          Sewise Ki Demang wis bias ngendhaleni rasa atine, Ki Demang nganggo basa karma alus, matr maring Raden Ndaru Aji “ Nuwun sewu Den, kula inggih nywun agunging pangaksami manawi anggen kula nampi rawuh panjenenganwonten ing gubuk kula mriki kirang suba sita, lan ugi kirang mranani panggalih den !! Kajawi saking punika, kula inggih matur gunging panuwun dene rawuh panjenengan wonten ing mriki saged mbabar wewadi ingkang saweg katandang dening para warga ingkang sami ajrih dhateng ungeling bendhe ingkang mungel saben ndalu den !!”.
          Kaya kuwe ature Ki Demang nganggo basa sing mlepes pisan maring Raden Ndaru Aji. “ Dhawah sami-sami Ki Demang “ , Raden Ndaru Aji mangsuli ature Ki Demang karo ngrangkul ragane Ki Demang, semune Ki Demang karo Raden Ndaru Aji padha-padha bngahe.
          Udane wis terang, srengengene wis keton manasi bumi maning. Raden Ndaru Ai paring dhawuh maring Ki Demang lamuna Ndaru Aji wis titiwancine kudu nerusake laku ngiridaken wadyabala maring Pajajaran. Kersane Raden Ndaru Aji, budhale prajurit sekang plataran kali sing ana curuge karo kedhunge njaluk disekseni Ki Demang Lindhu karo kabeh warga desa Kedung Pasang karo desa Watu Gedhe sing wis pirang-pirang bengi keganggu swarane gong.
          Ki Suta diprentah Ki Demang kon ngumpulaken warga desa Kedung Pasang, Darsa kon ngempulaken warga desa Watu Gedhe. Kabeh kon padha kumpul neng plataran kali Nangka cedhek kedhung. Lanang-wadon, tuwa enom , pokoke kerok bathok kabeh padha mangkat kumpul , ora nana sing wani nglanggar prentahe Ki Demang.
           Kabeh warga wis kumpul neng plataran Kali Nangka, Ki Demang aweh sesorah karo mbiwarakaken wewadi sing dadi pitakonane kabeh warga desa, yakuwe anane swara gong sing oran nana wujude. Kabeh warga sing ngrungokna sesorahe Ki Demang kabeh padha surak bareng swarane mbata rubuh, sebab wis rumangsa bombong, adhem ayem wis ora nguweni rasa wedi maning. Sebanjure Raden Ndaru aji aweh sambutan , sing wose njaluk ngapura maring kabeh warga desa sing wis keganggu anane swara gong sing ditabuh saben bengi, karo uga njaluk pamit arep nerusaken lakune prajurit maring pajajaran.Sedurunge pamit budhal, Raden Ndaru Aji, kanthi disekseni dening Ki Demang karo kabeh warga desa, kepareng aweh petilasan jeneng papan sing nggo mesanggrah prajurit Majapahit. Ngendikane Raden Ndaru Aji “ Ki Demang lan kabeh warga desa Kedhung Pasang apa dene desa Watu Gedhe, sedurunge ingsung mbudhalake prajurit, ingsun bakal paring tetnger marang panggonan iki, yen ana rejaning jaman, wiwit saiki papan panggonan kang ana kedhung lan curuge iki dak jenengi KEDHUNG CURUG GONG “
       Selungane prajurit Majapahit, pendduk desa Kedhng Pasqng karo Watu Gedhe balik kaya maune maning , urip tentren, adhem ayem, makmur, guyub, rukun .

T A M A T

Posted by mading man sumpiuh on 14.47. Filed under , . You can follow any responses to this entry through the RSS 2.0. Feel free to leave a response

1 komentar for "KEDHUNG CURUG GONG"

  1. silakan klik anaskampiuntekateki.blogspot.com

Leave a reply

Silakan tinggalkan pesan BOZ .....

Arsip Blog